Sabtu, 16 Februari 2013

CONTOH HASIL DISKUSI dalam Bahasa Daerah



KELOMPOK DISKUSI
BASA JAWA
babagan

"KAHANAN SOSIAL"

KELOMPOK : 6
9-H

SMP NEGERI 8 MALANG
2011 / 2012
ü Ketua          : Dyan Kusuma           ( 14 )
ü Sekretaris    : Dhita Ayu R             ( 11 )
ü Anggota     : Jelita Febrianti F       ( 18 )
                     Jihan Putri S              ( 20 )
                     Luqman R                 ( 24 )
                     Nadhira Dhanti         ( 29 )
                     Prastito Odi A           ( 31 )
ü Tema           : “NAKALE BOCAH , TANGGUNGJAWAB WONG TUWA , GURU LAN
LINGKUNGAN “
ü Materi         :
               Sebenere njaga tata krama lan tindak tandhuk kang becik iku ora mung tanggungjawab guru lan kaluwarga wae , najan kabeh wong. Guru sing ngusahaake kaluwargane dadi garda kang ngarep sing menehi pendidikan lan wangsulan. Sang guru kudu usaha supaya kaluwargane becik lan ora korupsi kang iso ngajari marang murid-murid sing arupan bocah peneruse bangsa kang nduweni moral lan akhlak becik lan ora korupsi.
               Guru yaiku penggawean sing mulya lan ora gampang dilakokake lan nduweni derajad kang luhur ing masyarakat. Tugas guru ora mung nyampekake teori-teori akedimis wae najan nggambarake suri tauladan kelakuan guru ing kehidupan.
               Sethithik wae guru salah ing njero tutur kata iku badhe tertandur sanget ing njeru sanubari bocah. Saben wong mesthi dadi bapak lan ibu yaiku guru sing cedhak gawe bocah-bocah penerus bangsa iki. Mesthi angel dadi bapak gawe nglarang bocah kanggo ora ngrokok , najan bapake perokok. Mesthi angel dadi ibu gawe ngajari bocah dadi jujur , najan ing omah ibu mesthi dusta.
               Wayah awan ana bocah SMP kang ngajak adik kelas sing isih SD nggawe ngisep rokok , iku kethok marang seragam kang digawe. Bocah iku lair kaya saklembarkertas kang isih putih.Dadi kaya apa masa ngarepe bocah iku nggantungake marang wong tuwa lan lingkungan.
ü Kesimpulan : Tanggungjawab wong tuwa lan lingkungan iku nduweni pengaruh gedhe marang bocah-bocah kang isih enom.
      



*   Pitakonan Kelompok 6 :
1.      Apa contohe tata krama iku ?
2.      Apa wae faktor penyebab kenakalane bocah ?
3.      Kepriye carane mbatasi pergaulane bocah ?
4.      Apa penyebab bocah seneng ngapusi lan ngrokok ?
5.      Geneya carane nyegah kenakalane bocah ?
6.       Kepriye carane ngandani wong tuwa supaya bocah wau ora nakal lan seneng ngrokok ?
7.       Apa kang dimaksud suri tauladan iku ?
*   Wangsulan :
1.      Contohe tata krama saka murid lan guru yaiku murid kudu ngrungokake penjelasan saking guru.
2.      Wong tuwa ora merhatikno bocah , lingkungan lan pergaulane saking bocah iso ngaruhi tata kramane.
3.      Mbatasi pergaulane bocah yaiku waktune kudu dibatasi kanggo hal positif sing miguna , supaya pergaulane bocah wau ora salah apa sing dilakokake.
4.      Penyebabe iku bocah weruh wong tuwane ngrokok mesthi melu-melu ngrokok , lan weruh wong tuwane ngapusi mesti ditirokake bocah.
5.      Carane nyegah kenakalane bocah yaiku nebeli iman saka agama , nglakokake kegiatan kang positif contohe melu kegiatan tambahan ing sekolah.
6.      Carane iku diadakno rapat wali murid lan ngandani yen ngrokok iku bahaya gawe awak lan nimbulake penyakit ( kanker , ginjal , asma , lan sapanunggalane ).
7.      Suri tauladan yaiku contoh-contoh sing becik , lan tujuane marang wong liya supaya wong liya iku wau nirokake perbuatan sing kita lakokake ngandut sifat kabecikan.






*   Rangkuman :
Contohe tata krama saka murid lan guru yaiku murid kudu ngrungokake penjelasan saking guru lan ora rame karo kanca liyane. Penyebab saka kenakalane bocah iku wong tuwa ora merhatikno bocah , lingkungan lan pergaulane saking bocah iso ngaruhi tata kramane. Cara mbatasi pergaulane bocah yaiku waktune kudu dibatasi kanggo hal positif sing miguna , supaya pergaulane bocah wae ora salah apa sing dilakokake. Penyebabe bocah seneng ngrokok lan ngapusi yaiku bocah weruh wong tuwane ngrokok mesthi melu-melu ngrokok  , lan weruh wong tuwane ngapusi mesti ditirokake bocah wau. Carane nyegah kenakalane bocah kudu nebeli iman saka agama , nglakokake kegiatan kang positif contohe melu kegiatan tambahan ing sekolah. Manfaat diadakno rapat wali murid iku ngandani lan merhatikno yen ngrokok iku bahaya gawe awak lan nimbulake penyakit ( kanker , ginjal , asma , lan sapanunggalane ). Suri tauladan yaiku contoh-contoh sing becik , lan tujuane marang wong liya supaya wong liya iku wau nirokake perbuatan sing kita lakokake wau.

Tidak ada komentar :

Posting Komentar